SERAT CENTHINI
Serat Centhini (aksara Jawa: ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦕꦼꦤ꧀ꦛꦶꦤꦶ), utawa uga ingaran Suluk Tambanglaras utawa Suluk
Tambangraras-Amongraga, minangka salah siji karya sastra paling misuwur sajeroning kesusastraan Jawa Anyar. Serat Centhini nyakup warna-warna kawruh lan kabudayan Jawa, supaya ora ilang lan tetep lestari salawasé. Serat Centhini diripta wujud tembang, lan penulisané diklompokaké miturut jinis laguné. Tambangraras iku asmané putri kang dadi lakon ing karya iki kang dadi pasangané lakon utama kang asmané Amongraga. Banjur Centhini iku abdiné Tambangraras kang isih bocah cilik. Centhini iku diserat kanggo ngumpulaké baboning Pangawikan Jawa (“induk kawruh jawa”). Surasané Serat Centhini iku manéka warna kawruh ngèlmu lan kabudayan Jawa, supados lestatantun kaliyan boten ical. Serat Centhini iku awujud tembang, lan ditulis miturut jinising lagu. Serat Centhini ditulis nganggo basa Jawa kang kapérang 12 jilid lan ngamot babagan penguripan lan kabudayan Jawa ing “dasawarsa” sepisanan “abad” 19. Kawruh iku dibabar awujud carita nalika lelaku tumeka pelosoking tanah Jawa. Ana bab agama, manéka warna ngèlmu (kebatinan, kekebalan, keris, arsitèktur, tetanèn), kasenian (kasusastran, karawitan, jogèd), primbon, ramuan jampi-jampi, manéka warna masakan, adat istiadat, firasat wataking manungsa, lan carita kang ana gegayutané karo Yasan Kuna.
Miturut genre, Serat Centhini iku kalebu bauwarna karo carita "Santri lelana".
PRAWACANA
Sêrat Cêthini aksara Latin punika aslinipun sêratan aksara Jawi, cacahipun 12 jilid, kandêlipun langkung saking 3.500 kaca. Sêrat ingkang asli sumimpên ing Sanapustaka kraton Surakarta. Dene ingkang wontên ing Rêksapustaka Mangkunagaran, Pahêman Radya-pustaka Sriwêdari. Museum Sana Budaya Yogyakarta. Museum Gêdhong Gajah Jakarta lan sanès-sanèsipun punika sadaya turunan utawi turunaning turunan.
Sêrat Cênthini jangkêp 12 jilid dumugi sapriki dèrèng nate kawêdalakên sarta kacetak aksara Jawi utawi Latin. Nalika taun 1912 M mila sampun wontên Sêrat Cênthini Latin wêdalan ‘Bataviaach Genootschap van Kunsten en Wetenschappen’, cetakan Firma Ruygrok & Co ing Bêtawi cacahipun 4 buku isi 8 jilid, jilid 1 dumugi 8, ananging cetakan Latin wau sayêktosipun ‘pêthikan’ saking aslinipun jilid 5 dumugi 9. Dados, pêthikan ing têngah lan botên kenging kawastanan jangkêp. Cêthanipun.
Sêrat asli jilid 1 dumugi 4 tuwin jilid 10 dumugi 12 botên kawêdalakên. Katrangan bab Sêrat Cênthini pêthikan wau badhe kaaturakên ing wingking.
Dumadosipun Sêrat Cênthini wau awit saking karsanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III, putra Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV (jumênêng 1788-1820 M) ing Surakarta. Kangjêng Gusti wau ing têmbenipun jumênêng Sinuhun Pakubuwana V (1820-1823 M) ingkang ugi sinêbut Sunan Sugih. Ingkang pinatah mandhegani anggubah Sêrat Cênthini wau abdidalêm kliwon carik kadipatèn wasta Sutrasna ingkang ugi sinêbut Ki Ngabèi Ranggasutrasna, dipun kanthèni:
1 Radèn Ngabèi Yasadipura II (Radèn Tumênggung Sastranagara), abdidalêm bupati pujangga kadipatèn;
2 Radèn Ngabèi Sastradipura, abdidalêm kliwon carik kadipatèn. Sasampunipun nindakakên ibadah haji, gantos nami Kyai Haji Mohammad Ilhar; sarta kaparingan pêmbantu:
1 Pangeran Jungut Mandurarêja, pradikan krajan Wangga, Klatèn, Surakarta;
2 Kyai Kasan Bêsari, ngulama agung ing Gêbangtinatar, Panaraga, mantudalêm Sinuhun Pakubuwana IV;
3 Kyai Mohamad Minhad, ngulama agung ing Surakarta.
Wondene ingkang minangka lajêring cariyos lêlampahanipun Jayèngrêsmi inggih Sèh Amongraga.
Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom maringakên sêrat ‘Suluk Jatiswara’, kadhawuhan ambabar tuwin ambèbèr kanthi moncèr.
Komentar
Posting Komentar