Postingan

Menampilkan postingan dengan label layang sato kewan

Dongèng Sato Kewan

Gambar
Dongèng Sato Kewan   Tinurun Saka Têmbung Walănda Lan Têmbung Inggris Dening Tuwan Karêle Fradêrik Wintêr Ridêr saka Nedêrlan Sêleyo, Juru Basa ing Nagara Surakarta Kaêcap ping sanga Kaêcap Ing Kantor Pangêcapane Kangjêng Guprêmèn Ing nagara Batawi, Taun 1923. 1. Juru amèk iwak lan iwak cilik Ana juru amèk iwak mancing ing pinggir kali. Barêng anibakake pancinge, ora antara suwe ana iwak cilik, saka kurang wiweka anyarap pancing, banjur kêna. Saka gêtêre marang gêgantunganing pêpasthèn, awit wus dicêkêl marang kang mancing, arêp dilêbokakê ing kêpis, anuli mêtu akale. Calathu angasih-asih marang kang mancing: dhuh kyai sanak, kula mugi sampeyan êculakên malih, awit taksih alit sapele ingatasipun sampeyan. Sampeyan mancing malih măngsa ngantosa dangu amasthi pikantuk sadasa, ingkang agêngipun ngungkuli kula.  Kajêngipun kula agêng rumiyin benjing sampeyan wangsul, kula sampeyan pancing. Juru amèk iwak amangsuli: hèh kănca cilik, rungokna calathuku. Kowe nêdy...