Postingan

Menampilkan postingan dengan label dongeng jawa

Serat Wulangreh

 Serat WulangREH   Pangkur 1.  poma sira ngawruhana, éling-éling manungsaning Hyang Widhi, kang samya kang ngudi tuwuh, sedaya nora béda, tuwuh iku apan kathah liripun, ana cukul ing sesawah, ana cukul ing mas picis. bersungguh-aungguhlah untuk kau ketahui, sadarlah bahwa manusia milik Tuhan, juga semua yang tumbuh berkembang, semua tidak berbeda, sesuatu yang tumbuh berkembang itu banyak bentuknya, ada yang tumbuh di persawahan, ada yang berkembang dari uang emas. 2. ana cukul ing derajat, atenapi cukul ingkang kasektin, myang cukul ing bongsa luhur, ingkang satunggal-tunggal, awiwita nora sangking nalar busuk, undhaking ing saban – saban, amarga sangking berbudi. ada yang tumbuh dalam kepangkatan, tidak terkecuali tumbuh dalam hal kesaktian, serta tumbuh sebagai golongan orang luhur, yang satu lagi, mulailah dengan tidak membiarkan kebodohan, perkembangan yang setiap waktu (terjadi), karena dari sifat murah hati . 3. kathah lelepéyan ira, utamané wuruking mata kuping, r...

Dongèng Sato Kewan

Gambar
Dongèng Sato Kewan   Tinurun Saka Têmbung Walănda Lan Têmbung Inggris Dening Tuwan Karêle Fradêrik Wintêr Ridêr saka Nedêrlan Sêleyo, Juru Basa ing Nagara Surakarta Kaêcap ping sanga Kaêcap Ing Kantor Pangêcapane Kangjêng Guprêmèn Ing nagara Batawi, Taun 1923. 1. Juru amèk iwak lan iwak cilik Ana juru amèk iwak mancing ing pinggir kali. Barêng anibakake pancinge, ora antara suwe ana iwak cilik, saka kurang wiweka anyarap pancing, banjur kêna. Saka gêtêre marang gêgantunganing pêpasthèn, awit wus dicêkêl marang kang mancing, arêp dilêbokakê ing kêpis, anuli mêtu akale. Calathu angasih-asih marang kang mancing: dhuh kyai sanak, kula mugi sampeyan êculakên malih, awit taksih alit sapele ingatasipun sampeyan. Sampeyan mancing malih măngsa ngantosa dangu amasthi pikantuk sadasa, ingkang agêngipun ngungkuli kula.  Kajêngipun kula agêng rumiyin benjing sampeyan wangsul, kula sampeyan pancing. Juru amèk iwak amangsuli: hèh kănca cilik, rungokna calathuku. Kowe nêdy...